Langsung ke konten utama

Percakapan Bahasa Jawa Lima Orang



TUGAS BASA JAWA
Gawe Pacelathon


Ing sawijining dina, ana bocah anyar ing SMPN 2 Maju Jaya. Bocah iku mlebu ing kelas 8A. Rio jenenge. Rio iku bocah sing menengan lan ora kakehan polah. Dheweke iku murid pindahan saka SMPN 3 Pucuk Gunung.
Lena     : Eh…kae ana bocah anyar. Kerjani yo!
Fani      : Ayo ta. Kapan?
Lena     : Mengko wae wektu ngaso, pas bocahe arep menyang kantin.
( Sawise wektu pelajaran rampung lan wektune istirahat, Lena lan Fani banjur nunggu Rio metu saka kelas)
Fani      : Wis bel ki. Kok dhekne durung metu ya?
Lena     : Aduh… suwi banget si cah kuwi!
Fani      : Eh kuwi bocahe metu.. Siap – siap yo!
( Rio metu saka kelas nggawa bekal panganane. Lena banjur njegal Rio nganti Rio tiba lan panganane wutah)
Rio       : Aduh..!
Lena     : Hahaha… melas banget si arep mangan wae panganane ndadak tiba!
( Lena lan Fani ngguyu kelkelan )
Candra : Kowe padha kenapa sih, kok nganti ngerjani Rio? Emange Rio duwe salah apa karo kowe?
( Candra nulungi Rio ngadeg )
Fani      : Ngapa?! Ora seneng ?!
Candra : Ya, aku pancen ora seneng. Kowe ngerjani Rio saksenengmu dhewe!
Lena     : Eh, aku ora duwe masalah karo kowe! Dadi, kowe ora usah melu melu urusanku!
Candra : Tapi, kowe aja saenake hdewe karo Rio!
Lena     : Dadi, kowe ora seneng yen aku nganggu Rio? Apa kowe gelem, nasibmu kaya Rio?!
Candra : Ayo, ri. Mending awake dhewe lunga wae saka kene, ketimbang kena amuk nenek sihir kuwi!
( Lena lan Fani jengkel weruh Candra lan Rio malah lunga menyang kantin )
Fani      : Awas kae, bocah! Tak kerjani maneh mengko! Delok wae!
Lena     : Santai wae. Aku wis dhuwe rencana!
Fani      : Emang, apa rencanamu ?
Lena     : Piye, yen awake dhewe ngunceni bocah loro kae ning gudang!
Fani      : Ya wis aku setuju. Eh wis bel mlebu ki. Ndang mlebu kelas, mengko ndak didukani Pak Tanto. Pak Tanto kan galak banget.

Sakwise bali sekolah, Fani lan Lena siap – siap nglakokake rencanane sing mau wis dirembug,
Fani      : Rio! Candra! Kowe didhawuhi Pak Gilang njupuk buku – buku lawas ing gudhang.
Rio       : Ya wis, Ndra. Ayo!
( Sawektu Rio lan Candra lagi nggoleki buku – buku lawas. Ujug – ujug…)
JEDER!!
Rio       : Lho, kok lawange nutup? Sapa sing ngunci lawange?
Candra : Mesti nenek sihir kae sing ngunceni awake dhewe ning kene.
Rio       : Aduh piye ki, Ndra…
(Tanpa dinyangka, ana bocah sing weruh kadadean iku. Banjur, bocah kuwi nglaporake kadadean mau marang guru BK. )

Esuke, pas Lena lan Fani lagi ing kelas, ana bocah sing ngandani yen Lena lan Fani didhawuhi Bu Rina  menyang ruang BK.
Fani      : Ana apa ya? Kok awake dhewe didhawuhi Bu Rina menyang ruang BK?
Lena     : Aku ya ora ngerti ki. Ya wis mrana dhisik wae, mbokmenawa awake dhewe entuk prestasi.
( Lena lan Fani padha menyang ruang BK. Saktekane ing kana….)
Bu Rina : Lena, Fani…apa bener koe sing ngunceni Rio lan Candra ing gudang?
Lena     : M..m..mboten, bu. Niki rencananipun Fani, bu.
Fani      : M…mboten, bu. Niki rencananipun Lena. Lena ingkang gadhah rencana. Kula namung tumut kemawon.
Bu Rina : Wis..wis. Aja padha nyalahake. Apa sing kok lakoni iku salah. Kowe padha kena apa, kok ngerjani Rio lan Candra? Rio lan Candra iku duwe salah apa karo kowe, to cah? Rio iku kan isih murid anyar ing kene. Kudune kowe iku dadi kancane Rio, ora malah kaya kene. Kepiye yen Rio ngomong marang wong tuwane, banjur wong tuwane lapor marang polisi? Masalahe bisa dadi tambah gedhe lan koe bisa mlebu penjara.
(Lena lan Fani mung ndingkluk wae amarga wedi. Lena lan Fani sadar apa sing wis dilakokake iku luput)
Bu Rina : Apa kowe padha gelem mlebu penjara? Yen kowe ora gelem mlebu penjara, ngomonga sing sabenere. Ibu ora bakal ndukani kowe, yen kowe gelem ngomong jujur.
Fani      : Mboten, bu. Kula boten purun mlebet penjara. Inggih,bu. Panci kula kaliyan Lena ingkang ngunci Rio kaliyan Candra wonten gudang.
Lena     : Kula inggih boten purun mlebet penjara, bu.
Bu Rina : Yaw is, saiki kowe kudu janji ora bakal ngulangi tumindakmu sing kaya mengkono kuwi.
Lena     : Kula janji, bu. Kula janji boten badhe nindakaken tumindak kados punika malih.
Fani      : Kula inggih janji, bu.
Bu Rina : Ya wis, saiki padha muliha menyang kelas. Kowe padha kudu njaluk ngapura marang Rio lan Candra. Lan koe kudu nepati janjimu mau. Yen kowe nglanggar janjimu, ibu bakal menehi koe hukuman.
Lena lan Fani : Inggih, bu.
(Lena lan fani ngadeg lan salaman karo Bu Rina. Lena lan Fani banjur mulih menyang kelas)

Wusana, Lena lan Fani sadar apa wae kaluputane. Banjur, Lena lan Fani njaluk ngapura marang Rio lan Candra.
Lena lan Fani : Rio, Candra. Awak dhewe njaluk ngapura ya marang kowe. Kowe padha gelem ngapurani awake dhewe, ta?
Rio       : Ya wis rapapa. Tak ngapura. Sesuk meneh aja kaya mengkono ya.
Lena     : Aku janji ora bakal ngulangi maneh kelakuanku lan bakal dadi bocah sing luwih becik.
Fani      : Iya, aku ya janji Ri.
Candra : Dadi, awake dhewe saiki kancaan, ta?
Lena, Fani, Rio : Ya iyalah……

Pungkasaning crita, Lena, Fani, Rio, lan Candra dadi kanca cedhak. Angel lan seneng dilakoni bareng – bareng. Sejatine kuwi iku makna kekancan sing sabenere.

Komentar

Postingan populer dari blog ini

LAPORAN HASIL UJI COBA MEMBUAT MAKANAN CEPAT SAJI “SALAD BUAH SATE” KATA PENGANTAR Puji syukur kami panjatkan kepada Tuhan Yang Maha Esa, atas nikmat dan karunianya sehingga kami dapat menyelesaikan Laporan Hasil Uji Coba makanan cepat saji .  Makanan cepat saji yang kami buat yaitu “Salad Buah Sate” Semoga pada pertemuan selanjutnya, kami dapat lebih baik lagi dalam membuat makanan cepat saji. Pada pembuatan makanan cepat saji kali ini, kami dapat meyelesaikan tugas yang diberikan dengan baik, dan keahlian dasar kami untuk membuat makanan cepat saji yang lebih bervariasi menjadi bertambah. Sekian yang dapat kami sampaikan, apabila ada kekurangan dalam berbagai hal kami mohon maaf.  Kritik dan saran selalu kami harapkan dari semua pihak agar pada pertemuan depan kami dapat lebih baik lagi.  Terima kasih. Purworejo, 14 April 2014 Kelompok 4 Perencanaan ...

Naskah Drama Bahasa Jawa : Angling Dharma

Naskah Drama Angling Dharma ADEGAN I Prabu Anglingdarma, putra saka Dewi Pamesthi karo Astradarma Ratu saka Yawastina. Pramesthi kuwi putri Prabu Jayabaya, raja saka kraton Mamenang Kediri. Sawise dadi garwa raja Yawastina, Pramesti banjur di boyong menyang Yawastina. Sawijining dina, Pramesthi diangslupi Bathara Wisnu, lan ndadekake dheweke ngandhut. Prabu Astradarma duka ngerti kahanan mau, lan ora nampa katrangane Pramesthi. Dheweke ditundung lunga saka kraton. Banjur mulih neng kratone bapake. Prabu Astradarma       : “Dinda, apa bener yen kowe lagi ngandhut?” Pramesthi                     : “Kula nyuwun ngapunten, Gusti. Leres menawi kula taksih ngandhut.” Prabu Astradarma        : “Sapa kang ndadekake kowe ngandhut?” Pramesthi               ...

Teks Ulasan Laskar Pelangi

TUGAS BAHASA INDONESIA Membuat Teks Ulasan Laskar Pelangi Judul               : Laskar Pelangi Penulis            : Andrea Hirata Jenis Buku      : Fiksi Penerbit           : Bentang Tebal               : xxxiv, 529 halaman Tahun Terbit   : 2005 Laskar Pelangi Laskar Pelangi adalah karya pertama dari Andrea Hirata. Laskar Pelangi merupakan buku pertama dari Tetralogi Laskar Pelangi.   Buku ini segera menjadi Best Seller yang kini kita ketahui sebagai buku sastra Indonesia terlaris sepanjang sejarah. Novel Laskar Pelangi diterbitkan oleh Bentang Pustaka pada tahun 2005. Novel ini bercerita tentang kehidupan 10...