Tokoh :
1.
Bamara Untsa (07) : Murid
2.
Dzulfaq Ibnu (11) : Murid
3.
Enrico Yuda (12) : Pak Guru
4.
Khafid Alfian (14) : Korban bencana
alam, Pak Yadi
5.
Mias Isningroom (16) : Murid, narator
6.
Pramudya Sekar (19) : Panita peduli
korban bencana alam , narator
Unsur Intrinsik :
Tema : Peduli Sesama
Judul : Tulung-tinulung Marang Korban Bencana
Alam
Latar :
1. Papan : Ngarep ruang guru, ngarep perpustakaan, posko
lemah longsor
2. Wektu : Dina Kamis sore
3. Swasana: Sedih,
Unsur Ekstrinsik :
Alur : Maju
Watak :
1. Bamara Untsa : Apikan, wacaksana, perduli
marang sapa wae
2. Dzulfaq Ibnu : Wicaksana, apikan, seneng
tulung tinulung
3. Enrico Yuda : Wicaksana, apikan
4. Khafid Alfian : Ora seneng putus asa
5. Mias Isningroom : Wicaksana, seneng tulung
tinulung
6. Pramudya Sekar : Seneng tulung tinulung,
apikan, wicaksana
Tulung
- tinulung Marang Korban Bencana Alam
BABAK 1
Ing
musim udan iki akeh kadadean lemah longsor. Salah sawijine kadadean ing desa
Kebon Gunung, Purworejo. Tanggal 1 kepungkur lagi wae kadadean lemah longsor
sing ngakibatke akeh omah sing kurugan longsoran lemah. Keprungu kabar kuwi,
Dzulfaq, Untsa, lan Mias banjur matur marang Pak Enrico ing ngarep kantor guru
menawa arep nganakake bakti sosial kanggo mbiyantu korban lemah longsor.
Untsa : “Sugeng enjing pak, kula, Mias, lan Dzulfaq
badhe matur”
Pak Yadi : “Oo.. ya rene-rene arep matur apa?”
Pak Enrico : “Ana apa iki?”
Untsa : “Punika pak… kita gadhah rantanan badhe
ngawontenaken adicara bakti sosial ing desa ingkang nandang rubeda punika.”
Mias : “Inggih pak, kita mireng menawi ing Desa
Kebon Gunung punika kenging bencana siti ingkang longsor,”
Pak Enrico : “Wah, apik kuwi nganakake bakti sosial,
bakti sosial iku bisa menehi piwulang peduli marang liyane, bakti sosial yo bisa
nggawe awake dhewe iki atur syukur marang kang akarya jagad amarga di paringi
kasarasan, lan ora kena bencana sing bisa mbebayani nyawa.”
Dzulfaq : “Inggih pak, pramila, kita sedaya ngaturi
bapak ingkang dados pendamping kita kangge baksos menika.”
Pak Yadi : “Ya bapak saguh, panjenengan piye pak?
(Pak Yadi nyuwun pirsa Pak Enrico)
Pak Enrico : “Yo aku bisa, kapan rencanane baksos kuwi?’’
Mias : “Dinten Kamis ngenjang pak.”
Pak Enrico : “Wah sesuk yo? wes ndang disiyagakake
kaperluane. Yowes bapak mlebet kantor dhisik.”
Dzulfaq : “Inggih pak, matur nuwun”
BABAK 2
Sawise
matur marang Pak Enrico, Dzulfaq, Mias, lan Untsa nyiap-nyiapke kaparluan kang
arep di gawa ning posko lemah longsor ing Kebon Gunung.
Pak Enrico : “Piye nduk persiapane?”
Mias : “Punika sampun jangkep sedaya pak.”
Pak Yadi : “ooo iya, dingapura ya, bapak ora bisa ngancani
ana ing adicara iku.”
Untsa : “lajeng kados pundi pak?”
Pak Enrico : “Iya mengko karo Bapak wae,” (Pak
Enrico nambahi)
Untsa : “O… nggih, mboten menapa pak, matur nuwun.”
BABAK 3
Dina
Kamis sore, jam 3 an Untsa, Mias, Dzulfaq dikancani Pak Enrico wes tekan ing
posko lemah longsor kuwi. Ing kana bcah 3 lan Pak Enrico ketemu karo Bu Sekar sing
dadi panitia peduli korban bencana alam.
Untsa : “Lha kahanane kok kaya ngene ta?”
Mias : “Ora kena ngono Unt, karang yo bar kena
bencana ya kaya ngene.”
Dzulfaq : “Ststststt.. ra do reang, kae wis ana
panitia peduli korbane.”
Pak Enrico : “Sugeng siyang bu, kita sedaya saking
SMP 2 Purworejo ngawontenaken adicara baksos kangge korban siti ingkang
longsor, menika wakil saking SMP 2 wonten Mias, Untsa lan Dzulfaq,”
Bu Sekar : “O nggih, pak mangga mlebet.”
Pak Enrico : “Nggih bu, menika kita sedaya mbeta
sekedih rasukan, mie, dhaharan, lan sapanunggalanipun kangge korban siti ingkang
longsor.”
Bu Sekar : “Nggih pak kula tampi, matur nuwun sanget
pak.”
Pak Enrico : “Nggih bu sami-sami,
BABAK 4
Bu Sekar : “Ayo padha lungguh neng njero.”
Dzulfaq, Mias, Untsa : “Inggih bu”
Bu Sekar : “O iyo ditepungake, iki Fian salah
sawijine korban lemah longsor, kowe bisa omong-omongan ndhisik.”
Pak Enrico : “Wes kana, padha omong-omongan dhisik,
bapak karo ibu neng njobo sek ya.”
DMU :”Inggih pak”
BABAK 5
Dzulfaq : “Halo Fian, iki Aku lan kanca-kancaku saka
SMP 2 Purworejo arep ndelok kahanan lemah longsor, uga arep ndelok kahananmu,
kowe sing sabar yoo.”
Fian : “Oo.. yoo matur nuwun.. iki kahanan sing
parah banget miturutku, amarga biasane nek mangsa udan ora tau nganti kaya
ngene iki.”
Untsa : “Ya karang kabeh kersane Gusti Allah, kan ora
ana sing ngerti.”
Fian : “Lha iyo, aku karo warga-warga kene yo mung bisa
sabar, muga-muga yo cepet mari lan omah-omah sing kena longsor isa didandani
maneh, awakedhewe wis ora duwe omah meneh.”
Mias : “Sing sabar ya Yan, yo nek awakedhewe bisa
aweh pambiyantu ya Insyaallah bantu.”
Untsa : “O ya saiki kowe kelas pira?”
Fian : “Aku kelas 3 SMP. Nanging saiki aku wis ora
sekolah maneh,”
Dzulfaq : “Oo ateges awakdhewe seumuran. Lha kenapa
kowe ra sekolah?”
Fian : “Wong tuwaku wis ora duwe ragad nggo
nyekolahake aku maneh. Mula, saiki aku mbiyantu bapak golek kayu obong.”
Mias : “Lha kedadeane piye, kok isa kowe kena
longsoran kuwi?”
Fian : “Dadi ngene. Pas aku golek kayu obong,
ujug-ujug udan deres, lan ana gempa. Banjur, lemahe longsor saka nduwur kana.
Yo aku keurug lemah longsor kuwi.” (rada nangis)
Mias : “Kok bisa ana longsor kuwi kepiye?”
Untsa : “Yo saiki akeh masyarakat sing ora perduli
marang lingkungane. Dheweke padha negor wit-witan sakepenake dhewe, mula ora
ana wit-witan sing isa nyerep banyu lan ndadekake longsor.”
Dzulfaq : “Mula saka kuwi, saiki masyarakat kudu
mbudidayakake reboisasi supaya ora ana bencana longsor maneh.”
BABAK 6
Pak
Enrico lan Bu Sekar neng njaba omong-omongan piye kadadeane tanah longsor kuwi.
Untsa, Dzulfaq, Mias karo Fian ngomongake bab kahanane Fian saiki. Jam 3 sore
bocah bocah kuwi wis rampung anggone omong-omongan, banjur pamit marang Fian
yen arep bali, mula bocah-bocah kuwi banjur ngampiri Pak Enrico sing jumeneng
ing njaba.
Mias : “Ayo kanca-kanca padha bali wis sore ki lho!”
Untsa,Dzulfaq : “Ayo….!!”
Pak Enrico : “Bu, kita sedaya pamit rumiyin nggih,
gandheng sampun sonten, mandhak jawah mangke.”
Bu Sekar : “Nggih pak, matur nuwun nggih paring bantuanipun.”
Pak Enrico : “Nggih bu sami-sami. Ayo bocah-bocah
padha salim, nyuwun pamit. (ngongkon bocah-bocah pada salim).”
Dzulfaq,Mias,Untsa : “Nggih pak (salim marang Bu
Sekar).”
Sawise
pada pamitan, bocah-bocah lan Pak Enrico banjur padha bali. Bocah telu mau bisa
sinau saka adicara baksos iki nek dadi manungsa kudu terus bersyukur karo apa
sing kita duweni, lan kudu bersyukur supaya ora kena bencana sing bisa marakake
ilange nyawa.
Komentar
Posting Komentar