Naskah Drama Angling Dharma
ADEGAN I
Prabu Anglingdarma, putra saka Dewi Pamesthi
karo Astradarma Ratu saka Yawastina. Pramesthi kuwi putri Prabu Jayabaya, raja
saka kraton Mamenang Kediri. Sawise dadi garwa raja Yawastina, Pramesti banjur
di boyong menyang Yawastina.
Sawijining dina, Pramesthi diangslupi
Bathara Wisnu, lan ndadekake dheweke ngandhut. Prabu Astradarma duka ngerti
kahanan mau, lan ora nampa katrangane Pramesthi. Dheweke ditundung lunga saka
kraton. Banjur mulih neng kratone bapake.
Prabu Astradarma : “Dinda,
apa bener yen kowe lagi ngandhut?”
Pramesthi :
“Kula nyuwun ngapunten, Gusti. Leres menawi kula taksih ngandhut.”
Prabu Astradarma : “Sapa kang
ndadekake kowe ngandhut?”
Pramesthi :
“Kula dipunangslupi dening Bathara Wisnu, Gusti.”
Prabu Astradarma : “Aku ora
percaya. Kowe mesthi wis selingkuh saka aku.”
Pramesthi : Mboten,
Gusti. Kula taksih setya dumateng, Gusti. Kula boten selingkuh kaliyan
sinten-sinten.”
Prabu Astradarma : “Alah,
orah usah ngapusi. Aku wis ora percaya karo omonganmu. Kowe wis ngianati
katresnananku. Kowe ora pantes maneh dadi ratu ing kraton iki. Lungaa saka
kraton iki.”
Pramesthi :
“Ampun, Gusti. Kula mboten ngapusi, Gusti.”
Prabu Astradrama : “Ndang
lungaa saka kraton iki.”
Pramesthi :
“Menawi punika kekarepanipun Gusti. Kula bakalan medal saking kraton puniki.
Kula bakal kondur wonten kraton kula.”
Prabu Jayabaya duka marang Astradarma,
banjur sepata yen bakale negara Yawastina lebur dadi lendhut. Ora let suwe
Prabu Jayabaya mukswa, Anglingdarma lahir lan dadi raja ing kraton Malawapati.
Dewi Pramesthi kaboyong neng Malawapati.
ADEGAN II
Sawijining esuk nalika Anglingdarma
mbebedhak ing alas, dumadakan keprungu swara wong wadon njaluk tulung.
Anglingdarma nulungi wanita kang dicedhaki macan, kang mau njaluk tulung kuwi.
Setyowati : “Tulung…tulung…!!
Angling Dharma :
“Hah…swarane sapa kae?”
( Angling Dharma banjur nulungi Setyowati. )
Setyowati :
“Maturnuwun sanget, Gusti. Sampun nulungi kula saking macan wau.”
Angling Dharma : “Uwis,
saiki kowe tak terake bali menyang omahmu. Omahmu mapan ana ngendi?”
Setyowati :
“Wonten ing pertapan Nguntarasegara.”
Wanita mau diterake bali menyang
omahe, pertapan Nguntarasegara. Anglingdarma duwe karep ngepek bojo Endang
Setyowati, jeneng wanita mau, anakke Resi Maniksutra.
Angling : “Setyowati,
sejatine aku wis tresna marang kowe. Opo kowe gelem dadi bojoku?”
Setyowati : “Gusti, nyuwun
pangapunten, sejatosipun, kula sampun tresna kaliyan piyantun sanes.”
Angling : “Sapa wong
kang kowe tresnani?”
Setyowati : “Kula tresna
kaliyan kangmas kuwalon kula, Bathikmadrim.”
Angling : “Apa kang
bisa dak lakoni supaya kowe gelem dadi permaisuriku?”
Setyowati : “Kula nyuwun
wekdal kangge nimbang-nimbang rumiyin.”
Angling : “Ya wis, yen
pancen kaya ngono. Aku bakal nunggu wangsulanmu.
Setyowati bingung amarga dheweke
tresna marang Bathikmadrim. Setyowati dadi bimbang.
Ing Sejatine Setyowati ora gelem dipek
bojo, amarga dheweke nresnani kangmas kuwalone kang aran Bathikmadrim. Madrim
ngerti yen Setyowati tresna marang dheweke, banjur dheweke nantang adu kasekten
karo Anglingdarma.
Bathikmadrim : “Kanjeng prabu
Angling Dharma, menawi kanjeng badhe ngepek bojo rayi kula, kanjeng kedah saged
ngalahaken kula ing adu kasekten.”
Angling : “Menawa iku
syarat supaya aku bisa ngepek bojo Setyowati, bakal tak lakoni. Apa wae bakal
tak lakoni supaya bisa ngepek bojo Setyowati. Aku bakal ngalahake kowe.”
Bathikmadrim lan Anging Dharma banjur padha adu kasekten. Ing adu
kasekten mau, Angling menang banjur mboyong Setyowati dadi garwa Prameswari lan
Madrim dadi patihe ing Malawapati.
Ana ing kraton Malawapati, Setyowati
atine ora jenjem. Dheweke kepingin bali menyang Nguntara Segara.
Setyowati : “Kangmas kula
kepingin kondur menyang Nguntara Segara.”
Angling : “Kowe kena
apa kok kepingin mulih?”
Setyowati : “Penggalih
kula mboten jenjem, Kangmas. Kula kuatir kaliyan rama kula.”
Angling : “Ya wis,
menawa kuwi pancen kekarepanmu. Yen mulih menyang Nguntara Segara bisa nggawe
atimu tentrem, aku ngijinke kowe mulih.”
Polatanae Setyowati gawe atine Angling
sedhih. Kanggo nglipur ati, dheweke lunga mbebedhak menyang alas.
Angling : “Tinimbang aku
sedhih amarga polatanae Setyowati, luwih becik aku mbebedhak menyang alas lan
golek kewan buruan kanggo nglipur ati.”
ADEGAN III
Anggone mbebedhak nganti tekan cedhake
taman pertapan Sumur Jalatundha. Ing kono, dheweke meruhi ula sepasang kang
lagi pepasihan. Dhewekke ngerti, yen salah sijine ula mau Nagagini, bojone
Nagaraja gurune Angling.
Angling : “Lho iku kan
Ula Nagagini. Kena apa kok lagi pepasihan karo Ula Tampar? Yen aku meneng wae,
melasake Nagaraja ora ngerti tingkah polahe bojone sing sejatine. Luwih becik
yen aku manah Ula Tampar.”
Angling manah ula lanang kang aran Ula
Tampar nganti mati. Nanging panah mau nyrempet buntute Nagagini kang ndadekake
Nagagini kaget lan njerit kelaran. Nagagini mlayu mlebu pertapan nemoni bojone,
lan lapur yen Anglingdarma arep mrawasa dheweke.
Nagagini : “Kakang
Nagaraja, Angling Dharma wau badhe manah kula.Kamangka, kula mboten salah
punapa-punapa.”
Nagaraja : “Apa iku bener,
Dinda? Ora mungkin Angling Dharma tumindak kaya kuwi.”
Nagagini : “Nanging, kula
saestu kakang. Punika buktine kakang. Buntut kula kesrempet panahipun Anging
Dharma.”
Nagaraja : “Menawa kuwi
bener, aku bakal ngukum Angling Dharma.”
Nagagini : “Matur nuwun
kakang, sampun percaya kaleh kula.”
ADEGAN IV
Angling crita marang Setyowati lan
pamit mati. Dheweke ngerti yen bakal diukum pati gurune. Merga mesthi wae
Nagagini lapur kang suwalikke saka prastawa mau. Nagaraja anjalma dadi ula kisi
kang cilik banget, lunga menyang taman Malawapati lan ngrungokake crita mau.
Angling : “Diajeng, aku
pamit mati.”
Setyowati : “Wonten punapa
ta, kangmas?”
Angling : “Mau nalikane
aku mbebedhak alas, aku weruh ula loro kang lagi pepasihan. Ula iku Ula
Nagagini bojone Nagaraja, guruku karo Ula Tampar. Aku ngrasa melas yen menawa
Nagaraja ora ngerti tingkah polahe bojone sing sejatine wis ngianati dheweke.
Mulane aku manah Ula Tampar, nanging panahku ora sengaja nyrempet buntute
Nagagini. Mesthi wae Nagagini crita kang suwalikane.”
Setyowati : “Kangmas,mboten
sah kuatir. Kangmas cariyos ingkang sejatinipun mawon. Nagaraja punika resi
ingkang bijaksana. Ngertos pundi ingkang leres lan lepat.”
Angling : “Ya bener apa
kang kowe omongake, Dinda. Aku bakal ndang mangkat nemoni Nagaraja. Nanging,
aku ajrih Nagagini bakal ngomong sing ora-ora, Dinda. Apa iki kang disebut
kodrat.? Yen pancen kudu ngono dadine, aku ora bakal ngindar lan bakal dak adhepi.”
Anglingdarma ngadep Nagaraja, sedya
mring paukuman. Ananging Nagaraja malah gumuyu banjur ngendika…
Nagaraja : “Angling
anakku, aku ora bakal mateni kowe Ngger. Aku wis ngerti sapa kang luput. Mau
aku njalma dadi ula kisi lan krungu kabeh prastawa kang sabenere. Saiki…kanggo
tumindakmu kang ksatriya, aku arep aweh kanugrahan. Apa wae kang mbok jaluk
bakal dak wenehi.”.
Angling : “Menawi
dipunkeparengaken, kula kepingin nyuwun Aji Gineng.”
Nagaraja : “Angling, aku
bakal menehi kowe Aji Gineng, nanging ana syarat kang kudu kowe lakoni”
Angling : “Menapa
syaratipun, Resi? Punapa mawon syaratipun bakal kula lampahaken”
Nagaraja : “Syarate kowe
ora kena crita marang sapa wae kalebu bojone dhewe babagan Aji Gineng iki. Apa
kowe sanggup, Angling anakku?”
Angling : “Kula sanggup,
Resi.”
Nagaraja : “Yen ngono aku
bakal menehi Aji Gineng marang kowe. Saiki kowe siap-siap.”
Nagaraja banjur menehi Aji Gineng marang Angling Dharma. Sawise iku,
Nagaraja banjur ngilang. Angling langsung mulih menyang kratone.
ADEGAN
V
Ing bengi, nalika Angling lan
Setyowati ana ing paturon, Angling dumadakan ngguyu dhewe.
Angling :
“Hahahahahahaha……”
Setyowati : “Kangmas kenging
napa kok nggujeng – nggujeng piyambak?”
Angling : ( tetep ngguyu,
ora nggubris pitakonane Setyowati ).
Setyowati : “Kangmas,
kenging napa nggujeng? Kangmas nyacat kula ingkang asalipun saking desa?”
Angling : “Ora kok. Aku
ra ngguyoni kowe.”
Setyowati : “ Ing paturon
punika namung wonten kula lan kangmas. Mesthi
ingkang digegujeng kan kula.” ( rada nesu )
Angling : “Ora diajeng,
ora koyo ngono. Tenanan aku ra ngguyoni kowe amarga kowe seka desa.”
Setyowati : “lajeng nggujengi
napa?”
Angling : ”Diajeng, aku
mau ngguyu cecak kang lagi guneman.”
Setyowati : “Lha kok kangmas
saged ngertos wonten cecak ingkang taksih guneman?”
Angling : “Iki mau amarga
aku duwe Aji Gineng kang bisa ngerti basane kewan-kewan mau.”
Setyowati : “Aji Gineng?” (
bingung )
Angling : “Iyo, kuwi sing
nduwe aku. Kuwi sing marakke aku ngerti lan cedhak karo kewan.”
( Diterangake ngono, Setyowati dadi kepingin duweni ajian mau )
Setyowati : “Kangmas, kula
pareng kagungan Aji Gineng punika?”
Angling : “Ora oleh
diajeng, kuwi wis dadi sing tak nduweni seka Nagaraja.”
Setyowati : “Kangmas, menawi
boten kepareng kula suwun, luwih becik kula pejah kemawon. Kula badhe pati
obong.” ( Nangis )
Angling : “Ojo ngono
diajeng. Arep kanggo apa Aji iki?”
Setyowati : “Kula namung
kepengin nggadhahi kemawon, kangmas.”
Angling : “Ora oleh
diajeng.”
Setyowati : “ Inggih sampun
kangmas, kula mboten saged nggadhahi Aji Gineng punika saking kangmas, luwih
becik kula pati obong kemawon sapunika.”
( Setyowati nglakoni pati obong tenan. Mlayu lan nangis tumuju ing geni
mulat - mulat )
Angling : “Diajeng, aku
isih tresna karo kowe, aja nglakoni kuwi diajeng!”
Setyowati : “Mboten kangmas,
luwih becik kula pejah mawon sakniki.”
Angling : “Aku wis pasrah
kelangan kowe diajeng. Luwih becik aku ngayomi rakyatku sing isih butuh aku.”
( Merga saka planggaran sumpahe dhewe, para dewa murka banjur ngukum
Angling, supaya nglakoni panguripan ing alas wolung taun lawase )
Para Dewa : “Angling, kowe
wis nglanggar sumpahmu dhewe. Kowe wis nglanggar pituture Nagaraja.”
Angling : “Ampun dewa,
kula nyesel sanget amargi kula carios marang garwa kula Aji Gineng punika,
saengga Setyowati kepengin nggadhahi lan nangis nyemplung geni mboten kula
olehaken nggadhahi Aji kuwi.”
Para Dewa : “Kowe bakal oleh
karmane, Ling. Kowe bakal tak ukum kanggo ngapus kabeh dosamu amarga kowe
ngenehi ngerti babagan Aji kuwi.”
Angling : “Nggih dewa.
Paukuman punapa mawon bakal kula trima. Kula siap punapa mawon paukumanipun,
ingkang wigatos kula saged nebus kalepatan kula.”
Para Dewa : “Kowe tak ukum
nglakoni panguripan ing alas 8 taun lawase.”
Angling : “Nggih dewa.
Kula nrima, kula bakal nindakaken paukuman punika.”
( Ing saliyane panggonan, Arwahe Setyowati sajak gela banget, dheweke
ngumbara saparan-paran. Banjur nyuwun mring Bathara Guru supaya dheweke bisa
bali ing donya. )
Setyowati : “Bathara, kula
gela sanget kula nyemplung ing geni mulat – mulat amargi nepsu kula kepengin
nggadhahi Aji Gineng punika.”
Bathara Guru : “Banjur opo sing
kepengen kowe lakoke?”
Setyowati : “Kula nyuwun
kaliyan Bathara Guru supados kula saged mantuk ing donya.”
Bathara Guru : “Tenanan kowe arep
bali ing donya? Apa kowe wis manteb marang keputusan iki?”
Setyowati : “Inggih Bathara,
kula sampun manteb marang keputusan iki. Kula nyuwun pripun carane supaya kula
bali wonten donya.”
Bathara Guru : “Kowe kudu manitis
ing awake Ambarawati, putri saka Adipati Darmawasesa ing Kadipaten Bojonegoro.”
Setyowati : “Inggih Bathara
Guru, kula maturuwun sanget.”
( Setyowati mudhun ing donya, lan manitis ing awake Ambarwati. )
ADEGAN VI
( Pangumbaran kang suwe, nggawa angling ing sawijining kraton kang wis
suwe ditinggal mati rajane. Kraton kuwi dinggoni dening anakke raja kang aran
Widata, Widati lan Widaningsih. Katelune tresna marang Angling. )
Widaningsih : “mbak punika
wonten tiyang ing kang bagus sanget perawakane, ayo mbak digawa menyang kraton.”
(Wong telu mau padha ngangkat angling dharma menyang kratone.)
Angling : “Lhoh, aku ana
ing ngendi iki?”
Widata : “Kangmas wonten
ing kraton kula.. Kangmas wau semaput wonten ing tengah wana lajeng kula lan rayi kula mbetha menyang kraton.”
Angling : “Nyai-nyai
punika sinten?”
Widati : “Kula sedaya
inggih putri ing kraton puniki. Rama kula sampun seda.”
Widaningsih : “Sampun, kangmas
wonten ngriki mawon. Mboten sah tindak menyang pundi-pundi, Amargi wonten
ngriki mboten aman. Kathah tiyang ingkang kagungan niat ala.”
(Angling ora oleh lunga menyang endi-endi.
Sawijining wengi, nalika Angling arep turu, putri telu mau metu saka kraton kanti cara ngindhik-indhik supaya ora konangan Angling.)
Sawijining wengi, nalika Angling arep turu, putri telu mau metu saka kraton kanti cara ngindhik-indhik supaya ora konangan Angling.)
Angling cubriya, ora sawetara
suwe dheweke lolos sukma anjalma dadi gagak banjur nututi lungane putri telu
mau.
Angling : “Aku cubriya
marang Nyai-nyai mau arep menyang ngendi yo. Kok ngindhik-ngindhik le mlaku,
dak tututi wae
( Kayangapa kagete Angling, jebul-jebul putri iku lagi mangan bangke
manungsa ing tengah alas. Gagak malihane Angling nyolong ati saka bangke mau.
Widati nyoba ngoyak nganti kesel, nanging kalah cepet karo abure gagak. Ati mau
diselehake ing dhuwure wedhak duweke widati banjur Angling nerusake turune.
Esukke Widati kaget weruh ati ing sadhuwure wedhak, ndadekake dheweke ngerti
yen gagak kang bengi iku malihane Angling.)
Widati : “Angling, sopo
sing menenhke ati manungsa kuwi ning ndhuwur wedhakku? Ojo” kowe sing malih
dadi gagak mau mbengi?”
Angling : “Yen aku malih
dadi gagak kenapa?”
Widati : “Angling!”
Angling : “Kanggo opo
kowe mangan bangke manungsa kuwi?”
( Widati ora njawab. Pungkasane
Angling ditancepi kembang saengga dheweke malih dadi mliwis putih. Mliwis mau
mabur, lunga ngumbara nganti tekan desa Gebang Sawit, Kadipaten Bajanegara. Ing
Gebang Sawit, mliwis ditemu dening Jaka Gedhuk, anake Demang Klungsur. )
ADEGAN VII
Ing Kadipaten Bojonegara ana
sayembara. Sayembara mau isine yaiku mbuktekake ki Bremana sing asli, amarga
samulihe seka alas malih dadi loro. Bojone bingung milih sing endi, banjur
lunga menyang kadipaten lan njaluk keadilane Adipati Darmawasesa. Adipati kang
bingung banjur nganakake sayembara iku mau. Mliwis putih njaluk supaya Pak
Klungsur gelem melu sayembara mau, kanthi digenahi carane. Klungsur banjur
mangkat menyang kraton kanggo melu sayembara mau.
Klungsur : “Ngaturaken
sembah, Gusti.”
Adipati : “Bocah bagus,
apa bener kowe bisa ngrampungake masalah Nyai Bremani? Iki prakara kang ora
gampang ana sambunge marang masalah keadilan lan martabat pengadilan. Dadi aja
sembrana.”
Klungsur : “Inggih, Gusti
Prabu. Kula ngertos sinten ingkang sejatosipun Ki Bremana. Kula nyuwun kendi
pratala kaleh kagem mbuktekaken Ki Bremana ingkang asli. Sinten ingkang saged
mlebet ing kendi pratala wau, punika ingkang Ki Bremana asli.
Adipati : “Patih,
jupukake kendi pratala loro.”
Nalika kendhi pratala mau wis disiapake,
Ki Bremana sing palsu langsung mlebu ana kendhi pratala mau.
Klungsur : “Gusti, Ki
Bremana ingkang sejatosipun inggih punika Ki Bremana ingkang mboten saged
mlebet ing kendhi pratala.”
Adipati : “Lho, kandhamu
mau Ki Bremana asli iku sing bisa mlebu ana kendhi pratala?”
Klungsur : “Punika wau
namung cara, Gusti.”
Adipati : “Lha trus sing
ana ing kendhi iku sapa?”
Klungsur : “Sebangsa
lelembut, Gusti. Namung bangsa lelmbut ingkang saged mlebet ing kendhi ingkang
alit kados punika. Tiyang biasa mboten saged mlebet ing kendi ingkang alit
sanget.”
Ujug-ujug, kendhi pratala mau pecah. Dumadakan
saka pecahane kendi, metu Jin Wiratsangka kang memba-memba dadi Bremana. Jin
mau diusir, banjur mlayu mlebu alas. Klungsur antuk kanugrahan dadi hakim ing
kadipaten. Anak lan bojone diboyong, uga mliwis putih kang wis mbiyantu.
ADEGAN VIII
Ambarawati ngerti yen ana mliwis
putih. Banjur mliwis dijaluk supaya manggon ana ing kaputren. Saben dina mliwis
mau ngancani Ambarawati. Yen wengi, mliwis putih malih dadi Anglindarma.
Kekarone pepasihan lan ndadekake Ambarawati ngandhut.
Adipati Darmawangsa judheg ngrasakake putrine ngandhut tanpa ngerti sapa kang tumindak. Sawijining dina ana resi kang aran Yogiswara teka ing kadipaten Bojonegara.
Adipati Darmawangsa judheg ngrasakake putrine ngandhut tanpa ngerti sapa kang tumindak. Sawijining dina ana resi kang aran Yogiswara teka ing kadipaten Bojonegara.
Resi : “Ngaturaken
sembah, Gusti.”
Adipati : “Apa bener
kowe bisa nemokake wong kang ndadekake putriku ngandhut?”
Resi : “Inggih,
Gusti. Kula bakal nemokaken tiyang ingkang ndadosaken Gusti Putri ngandhut.”
Adipati : “Yen kowe
butuh apa-apa, ngomong wae marang aku.”
Resi Yogiswara dijaluki tulung
nggoleki wong kang njalari Ambarawati ngandhut. Yogiswara ngajak mliwis
guneman. Suwe-suwe mliwis putih lan Yogiswara padu. Bareng ora ana sing menang
lan kalah, mliwis putih malih dadi Anglingdarma. Lan Yogiswara malih dadi
Bathikmadrim kang sasuwene iki nggoleki rajane. Sawise terang perkarane,
Anglingdarma lan Ambarawati dinikahake.
Angling : “Diajeng, saiki
kowe wis dadi permaisuriku.”
Ambarawati : “Inggih, kangmas.
Kula remen sanget. Kula tresna kaliyan kangmas lan kula janji bakal setya
kaliyan kangmas.
Angling : “Diajeng, saiki
aku arep mulih menyang Malawapati. Amarga aku wis suwe ninggalake kratonku.
Melas rakyatku kang wis tak tinggal. Mula saka iku, kowe saiki tak boyong
menyang Malawapati lan dadi ratu ing kana.”
Ambarawati : “Kula bakal nurut
wonten pundi kemawon kangmas bandhe tindak.”
Ambarawati diboyong ing kraton
Malawapati. Ora suwe, Ambarawati nglairake anak lanang kang dijenengi
Anglingkusuma. Anglingdarma mimpin kratone maneh.
amanat dari cerita angling darma
BalasHapus